Rabu, 27 November 2013

PRANATACARA

Teks Pranatacara




Assalamualaikum Wr.Wb.
Nuwun!

Dhumateng panjenenganipun Bapak Warjana minangka Kepala Dhusun Sinduadi ingkang dahat kinurmatan,
Dhumateng Bapak RW saha Bapak RT Dhusun Sinduadi ingkang tansah minulya,
Saha para bapak/ibu tamu undangan samudayanipun ingkang satuhu kinabekten.
            Sumangga sesarengan kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur pangalembana dhumateng ngarsanipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Agunging Jagad ingkang sampun maringaken kita sedaya kanugrahan yuswa, kasarasaning badan, saha punapa kemawon saengga kita sedaya, sakmenika saged nyawiji makempal wonten ing papanipun Bapak Widya Suprapta kanthi nindakaken adicara Selapanan Bayi.
            Sakderengipun kita nglampahi adicara punika, keparenga kula minangka pranata adicara badhe ngandharaken babagan reroncening adicara selapanan bayi ingkang kados punika :
1. Ingkang sepisan inggih menika pambuka
2. Lajeng kaping kalih inggih punika pambagyaharja dening Bapak Warjana minangka Kepala Dusun Sinduadi.
3. Salajengipun ingkang angka 3 inggih punika wosing adicara
4. Salajengipun sarwa-sarwi
5. Gangsal inggih menika doa
6. Saha ingkang kaping nem pungkasan

            Menika tata rakiting adicara selapanan bayi ingkang saged kula aturaken. Mekaten ugi, kula pribadi minangka tetalanging basa, bokbilih wonten kalepatan ugi patrap saha pangucap ingkang boten ndadosaken penggalih ing manah, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Cekap semanten pamatur kula. Akhirul kalam, bilahit taufiq wal hidayah.
           

Wassalamualaikum. Wr. Wb
Nuwun!
           

STRAIGHT NEWS

Kerja Bakti Wonten Ing Dhusun Kutu Asem


                 Kerja bakti wonten ing Dhusun Kutu Asem rt 01 & rt 02, Sinduadi, Mlati, Sleman, Ngayogyakarta punika katindakaken wonten ing dinten Minggu 27 Oktober 2013. Kerja bakti katindakaken wiwit wanci pukul 07.30 dumugi wanci pukul 11.00, kanthi resik-resik dhusun amargi sampun wiwit musim rendeng. Pramila Bapak Warjana, minangka Kepala Dhusun Kutu Asem sami ngajak dhumateng para kadang masyarakat supados sesarengan kerja bakti. Saking tiyang sepuh, saha tiyang enem, tiyang jaler saha tiyang estri sedaya tumut reresik dhusun kanthi manah ingkang iklas. Menika sampun dados kesadaraning para warga masyarakat anggenipun njagi kasarasaning dhusun, langkung-langkung menika sampun mlebet musim rendeng.


                    Lajeng dhusun punika katon resik anggenipun dipunsawang, saha ndadosaken dhusun ingkang langkung saras boten wonten sampah ingkang pating slebar, saluran lepen dipunresiki ndadosaken toya anggenipun mili lancar. Saengga dhusun punika uwal saking bena, saha wabah DBD punika saged dipuncegah.

Minggu, 24 November 2013

WACANA PROSEDURAL (Jenang Sumsum)


          Jenang Sungsum inggih punika salah satunggaling dhedhaharan tradisional jawa khas Solo.  Dene bahan dhasaripun kanggé damel jenang sumsum inggih punika glepung beras. Bahan-bahan sanesipun kanggé damel jenang ing antawisipun inggih punika sagu, tela, glepung tapioka, saha glepung ketan. Jenang utawi ingkang dipun wastani bubur sumsum menika gadhah maneka warna raosipun. Ananging sedaya raos bubur utawi jenang menika taksih tetep kados raos aslinipun jenang sungsum khas Solo ingkang gurih lan manis. Sedaya raosipun jenang ingkang béda-béda menika pikantuk saking pelengkap jenang ipun kadosta, santen klapa utawi gula jawa. Padatanipun, jenang dipun sajekaken mawi wadhah pincuk saking ron gedhang ngginakaken suru kangge cendhok ipun. Jenang sumsum gadhah tekstur lembut saengga cocok dipun dhahar sinten kémawon, saking bayi tiyang sakit, ugi tiyang sepuh.

Simbolisme

           Jenang sumsum punika wernanipun putih minangka pralambang resiking manah. Raosipun ingkang legi minangka simbol sjahteraning ngagesang amargi gendhis punika salah satunggaling bahan tetedhan ingkang temtu dipun ginakaken wonten ing sedaya jinis dhedhaharan jawa ingkang reginipun boten patiya mirah. Teksturipun jenang sumsum ingkang kenthel minangka simbol persatuan saha kesatuan, manunggaling gesang pribadi kaliyan Gusti saha gesang pribadi kaliyan sesami.

Bahan-bahanipun

Bahan-bahan paling wigati kangge damel jenang sumsum utawi bubur sumsum inggih punika :

  • Glepung beras 100 gram

  • Uyah sak cekapipun

  • santen ingkang dipun damel saking 1 wutir klapa

  • ron pandan dipun damel wujud simpul cacahipun tigang lembar

Dene bahan-bahan ingkang dipun ginakaken kangge damel duduh bubur sumsum inggih punika

  • gendhis jawa 200 gram

  • ron pandan 2 lembar

  • toya 100 ml

Caranipun damel

Caranipun damel jenang sumsum inggih punika:

Caranipun damel jenang sumsum inggih punika:

  1. Ingkang sepisan damel duduh bubur sumsum.

  2. Toya dipun godhog lajeng sedaya bahan kangge damel duduh, lajeng dipun udhak ngantos kenthel. Menawi sampun umub lajeng dipun angkat lan dipun saring supados langkung resik.

  3. Salajengipun damel bahan-bahan buburipun.

  4. Glepung beras, sarem, saha santen sepalihipun dipun campur dados setunggal wonten ing panci

  5. Santen turahanipun lajeng dipun godhog ngantos umub kanthi dipun sukani ron pandan. Anggenipun nggodhog santen mawi geni alit kanthi dipun udhak terus.

  6. Campuran glepung beras ingkang sampun dipun damel kala wau lajeng dipun campur kaliyan santen ingkang sampun dipun godhog kala wau. Lajeng adonan bubur dipun udhak terus ngantos ngenthel lan mateng.

  7. Menawi sampun mateng lajeng dipun sajekaken wonten ing mangkuk lan saged dipun jangkepi kanthi duduh bubur sumsum ingkang sampun dipun damel.

  8. Jenang sumsum badhe langkung sekeca dipun dhahar menawi taksih benter.



Sabtu, 23 November 2013

SEJARAH (Pahlawan Jendral Sudirman)

Jendral Sudirman iku salah sawijining pahlawan Indonesia ka
ng ulet, Jundral Sudirman nduweni sifat kang puguh kaya waja, suthik lamun pasrah. Rikala Jendral Sudirman dadi manggalaning TNI bebarenangan karo rakyat nyirnakake penjajah. Sajroning mandhegani perang gerilya panggonane pindah-pindah, saka kutha siji menyang kutha sijine.

              
             Sajroning pindah saka kutha siji menyang kutha sijine Jendral Sudirman akeh nemoni rubeda, amarga kabeh tindak tanduke tansah diawasi maring penjajah. Mula kala mangsane mlakune Jendral sudirman lan para pendhekare melbu metu alas, kadang kala leren ana njero alas nganti pirang-pirang dinakanggo nyusun kekuawatan.
              
             Rikala semana Jendral Sudirman mandegi perang gerilya ana ing tlatah Ngayoryakarta, Surakarta, Madiun, lan Kediri. Pak Dirman anggone ngadani perang gerilya kurang lewih pitung sasi. Ana sajroning perang, Pak Dirman wes tau nandhang gerah, mulane mrana-mrene tansah ditandhu karo pendhekare. Nadyan mengkono awit saka kemurahan Gusti, Walanda kalah perange lan kutha Ngayogyakarta bali menyang penguasane negara Republik Indonesia.
               
              Tanggal 10 Juli 1949 Panglima Besar Jendral Sudirman kondur menyang Ngayogyakarta kanthi ditandhu. Rakyat pada bungah lan aweh pangurmatan dening Jendral Sudirman. Kondure Jendral Sudirman didherekake Letnan Kolonel Soeharto, tekan Ngayogyakarta Jendral Sudirman dipethuk dening Kolonel Suhud lan dienekake Upacara Pangurmatan
               
              Tanggal 29 Januari 1950 Jendral Sudirman ketimbang ing ngarsaning Gusti tekan yuswa 34 taun. Layune kasarekaken ana Taman Makam Pahlawan Kusumane negara Semaki Ngayogyakarta. Bangsa indonesia kelangan pahlawan luhur kang uripe ditohake jiwa ragane kanggo mulyaning bangsa lan negara Indonesia.