WACANA PROSEDURAL (Jenang Sumsum)
Jenang Sungsum inggih punika salah satunggaling dhedhaharan tradisional jawa khas Solo. Dene bahan dhasaripun kanggé damel jenang sumsum inggih punika glepung beras. Bahan-bahan sanesipun kanggé damel jenang ing antawisipun inggih punika sagu, tela, glepung tapioka, saha glepung ketan. Jenang utawi ingkang dipun wastani bubur sumsum menika gadhah maneka warna raosipun. Ananging sedaya raos bubur
utawi jenang menika taksih tetep kados raos aslinipun jenang sungsum
khas Solo ingkang gurih lan manis. Sedaya raosipun jenang ingkang
béda-béda menika pikantuk saking pelengkap jenang ipun kadosta, santen klapa utawi gula jawa. Padatanipun, jenang dipun sajekaken mawi wadhah pincuk saking ron gedhang ngginakaken suru kangge cendhok ipun. Jenang sumsum gadhah tekstur lembut saengga cocok dipun dhahar sinten kémawon, saking bayi tiyang sakit, ugi tiyang sepuh.
Simbolisme
Jenang sumsum punika wernanipun putih minangka pralambang resiking manah.
Raosipun ingkang legi minangka simbol sjahteraning ngagesang amargi
gendhis punika salah satunggaling bahan tetedhan ingkang temtu dipun
ginakaken wonten ing sedaya jinis dhedhaharan jawa
ingkang reginipun boten patiya mirah. Teksturipun jenang sumsum ingkang
kenthel minangka simbol persatuan saha kesatuan, manunggaling gesang
pribadi kaliyan Gusti saha gesang pribadi kaliyan sesami.
Bahan-bahanipun
Bahan-bahan paling wigati kangge damel jenang sumsum utawi bubur sumsum inggih punika :
santen ingkang dipun damel saking 1 wutir klapa
ron pandan dipun damel wujud simpul cacahipun tigang lembar
Dene bahan-bahan ingkang dipun ginakaken kangge damel duduh bubur sumsum inggih punika
Caranipun damel
Caranipun damel jenang sumsum inggih punika:
Caranipun damel jenang sumsum inggih punika:
Ingkang sepisan damel duduh bubur sumsum.
Toya dipun godhog lajeng sedaya bahan kangge damel duduh, lajeng
dipun udhak ngantos kenthel. Menawi sampun umub lajeng dipun angkat lan
dipun saring supados langkung resik.
Salajengipun damel bahan-bahan buburipun.
Glepung beras, sarem, saha santen sepalihipun dipun campur dados setunggal wonten ing panci
Santen turahanipun lajeng dipun godhog ngantos umub kanthi dipun sukani ron pandan. Anggenipun nggodhog santen mawi geni alit kanthi dipun udhak terus.
Campuran glepung beras ingkang sampun dipun damel kala wau lajeng
dipun campur kaliyan santen ingkang sampun dipun godhog kala wau. Lajeng
adonan bubur dipun udhak terus ngantos ngenthel lan mateng.
Menawi sampun mateng lajeng dipun sajekaken wonten ing mangkuk lan
saged dipun jangkepi kanthi duduh bubur sumsum ingkang sampun dipun
damel.
Jenang sumsum badhe langkung sekeca dipun dhahar menawi taksih benter.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar