Assalamualaikum
Wr.Wb.
Nuwun!
Dhumateng panjenenganipun Bapak Warjana minangka
Kepala Dhusun Sinduadi ingkang dahat kinurmatan,
Dhumateng Bapak RW saha Bapak RT Dhusun Sinduadi
ingkang tansah minulya,
Saha para bapak/ibu tamu undangan samudayanipun
ingkang satuhu kinabekten.
Sumangga
sesarengan kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur pangalembana dhumateng
ngarsanipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Agunging Jagad ingkang sampun
maringaken kita sedaya kanugrahan yuswa, kasarasaning badan, saha punapa
kemawon saengga kita sedaya, sakmenika saged nyawiji makempal wonten ing
papanipun Bapak Widya Suprapta kanthi nindakaken adicara Selapanan Bayi.
Sakderengipun
kita nglampahi adicara punika, keparenga kula minangka pranata adicara badhe
ngandharaken babagan reroncening adicara selapanan bayi ingkang kados punika :
1.
Ingkang sepisan inggih menika pambuka
2.
Lajeng kaping kalih inggih punika pambagyaharja dening Bapak Warjana minangka
Kepala Dusun Sinduadi.
3.
Salajengipun ingkang angka 3 inggih punika wosing adicara
4.
Salajengipun sarwa-sarwi
5.
Gangsal inggih menika doa
6.
Saha ingkang kaping nem pungkasan
Menika tata rakiting adicara
selapanan bayi ingkang saged kula aturaken. Mekaten ugi, kula pribadi minangka
tetalanging basa, bokbilih wonten kalepatan ugi patrap saha pangucap ingkang
boten ndadosaken penggalih ing manah, kula nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami. Cekap semanten pamatur kula. Akhirul kalam, bilahit taufiq wal
hidayah.
Wassalamualaikum.
Wr. Wb
Nuwun!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar