Tradhisi Nyadran
Ritual Nyadran
Upacara nyadran inggih punika upacara wonten ing sasi Ruwah ingkang miturut tradhisi Jawa ingkang nggadahi tujuan kangge ngurmati para leluhur ingkang sampun sumare, saha paring pandonga supados sedaya dosa-dosanipun dipunngaputen dhumateng Gusti Ingkang Maha Kawasa saengga saged pikantuk papan ingkang mulya wonten ing ngakhirat. Lajeng ugi nggadahi tujuan sanes supados ingkang dipuntilar, pikantuk kawilujengan, mirah rejekinipun saha sandhang pangan. Upacara nyadran punika katindhakaken wonten ing njawi pasareyan kanthi doa sesarengan dumugi adicara dedharan. Sasampunipun dedhaharan, dipunlajengaken reresik wonten ing pasareyan. Tradhisi nyadran punika sampun turun temurun wonten ing masyarakat jawi awit saking rumiyin dumugi wonten ing sakmenika. Dados nyadran saged dipunwastani budaya asli saking tanah Jawa.
Menawi mawi sosio-kultural, implementasi saking
nyadran punika boten namung reresik pasareyan para leluhur, slametan
(kenduri), damel sega gurih, ingkung ayam kampung, kue apem, kolak, saha ketan minangka unsur sesaji kaliyan dhasaring ritual doa. Nyadran ugi dados ajang silaturahmi para keluarga lan ugi dados transformasi sosial, budaya, saha
keagamaan.
Sega Gurih Ingkung Ayam Kampung
Nyadran dados ajang kangge kempal manunggal wonten ing masyarakat , sami ngasihi, sami nresnani satunggal satunggalipun. Swasana rukun , guyup saha nyaket rumaket sanget kraos. Menawa nyadran
dipuntingkataken malih kualitas jalinan sosial masyarakatipun, saged ndadosaken pagesangan punika rukun, ayom-ayem, lan tenteram.
Reresik Makam
Tidak ada komentar:
Posting Komentar