Makam Syekh Maulana Maghribi
Pasareyan Syekh Maulana Maghribi punika mapan wonten ing Dusun Mancingan,
Parangtritis. Menawi saking Kutha Ngayogyakarta dumugi panggenanipun kirang
langkung watara 25 km mangidul. Sasampunipun wonten pretelon Pantai
Parangkusuma wonten pinggir mergi sisih kiwa wonten Gapura ingkang kaserat
'Makam Syekh Maulana Maghribi' minggahi undak undakan dumugi nginggil kirang
langkung 200 meter.
Undak-undakan tumuju ing pasareyan
Syekh Maulana Maghribi punika salah satunggaling ulama islam saking tlatah Arab
ingkang kondhang kaloka, boten namung wonten tlatah Ngayogyakarta, nanging
sampun misuwur dumugi Nuswantara. Syekh Maulana Maghribi punika, nggadahi ilmu
agama islam ingkang langkung nginggil. Ugi nggadahi ilmu kasekten ingkang
nginggil. Syekh punika wiyaraken ajaran agama islam wonten ing tlatah
Parangtritis saha salintu-lintunipun, dumugi tilar donya lajeng dipunsarekaken
wonten ing sanginggiling bukit wonten ing sakleripun Pantai Parangtritis.
Dumugi sakmenika taksih kathah para peziarah ingkang sami ziarah makam wonten
ing Pasareyanipun Syekh Maulana Manghribi. Langkung-langkung menawi jumat kiwon
utawi selasa kliwon, saged mbludak para peziarahipun.
Cungkup Syekh Maulana Maghribi
Wonten ing nginggil, salajengipun mlebet wonten ing regol pasareyan lajeng
wonten cungkup saha wewangunan wonten ing sisih tengenipun. Wewangunan punika
kangge para peziarah ingkang nginep kangge ziarah wonten ing pasareyanipun
Syekh Maulana Maghribi.
Pusara Syekh Maulana maghribi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar