Kaendahaning Gunung Batur, Danau Batur saha Trunyan
Gunung Batur
Pulo Bali kalebet salah satunggaling tlatah ingkang dados tujuan rekreasi para turis domestik saha mancanagara. Kaendahaning alam Pulo bali punika sampun misuwur wonten ing seantero nuswantara ugi mancanagari. Salah satunggaling kaendahan alam wonten ing Tlatah Bali inggih punika Gunung & Danau Batur. Gunung Batur ingkang nginggilipun 1717 m dpl punika wonten ing sisih kilen, menawi Danau Batur wonten ing sisih wetanipun Gunung Batur.
Danau Batur
Danau Batur punika, Danau ingkang ageng tinimbang danau sanesipun wonten ing Bali, ombakipun ugi langkung ageng. Wonten ing sapinggiring Danau Batur, wonten pasareyan ingkang boten limrah kados pasareyan wonten ing pundi kemawon. Naminipun, Trunyan! Dipunwastani boten limrah amargi, cara nyarekaken jenazah punika boten kadosta wonten pasareyan lintunipun kanthi dipendhem wonten ing siti, ananging namung dipungletakaken wonten ing sanduwuring siti wonten ing sangandhaping wit Taru Menyan.
Regol mlebet pasareyan
Trunyan saking tembung Taru Menyan. Wit Taru Menyan punika saged netralisir ambu ingkang boten sekeca saking jenazah. Wit punika kirang langkung sampun atusan taun, amargi ageng sanget. Aura mistis, kraos sanget wonten kompleks Trunyan punika, dados kita kedah njagi etika saha unggah ungguh menawi mlebet.
Wit Taru Menyan
Wonten Trunyan, kathah tengkorak saha balung-balungan ingkang sami pating glethak wonten ing pundi papan. Pramila, wonten paugeran bilih barang punapa kemawon ingkang wonten ing Trunyan boten pareng dipunbeta wangsul. Menawi dipunlanggar, mangkih saged kadadeyan prekawis ingkang boten sae.
Tengkorak & Balungan
Nalika rombongan stuba PBD wonten ing Trunyan saged mirsani jenazah ingkang dipunsarekaken boten dangu, dados taksih wujud jenazah ingkang enggal. Nanging menawi mirsani kedah gadhah mental ingkang kiyat supados boten ajrih nalika mirsani.
Jenazah enggal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar