Minggu, 22 Desember 2013

NEWS FEATURE



Pasar Malam Perayaan Sekaten Jogja 2013

           
Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) kutha Ngayogyakarta wonten ing taun 2013 punika, resmi sampun kabikak tanggal 6 Desember 2013. PMPS punika nggatosaken konsep hiburan rakyat, kanthi ngempalaken ekonomi rakyat nyawiji kaliyan ruang rekreasi. Maneka warna dedolanan kaliyan cemloroting lampu wonten ing wayah ndalu, saged ndadosaken latar ingkang rame. Namung sakedhik papan panggenan ingkang kosong wonten ing alun-alun ler Keraton Yogyakarta minangka pasar malam punika katindakaken.
 Atusan kavling ingkang dipunsediakaken wonten maneka ukuran dipunagem kangge sadean. Lajeng wonten papan ingkang wiyar wahana permainan kadosta biang lala, kemudi putar, tong setan, bom bom car, balon air lan sapanunggalanipun. Boten wontenipun zona antawisipun ingkang sadean kaliyan wahana permainan ndadosaken latar pasar malam punika langkung meriah. Wonten  kathah barang  ingkang dipunsade dening para bakul wonten ing Pasar Malam Perayaan Sekaten punika.



Nalika mlebet wonten gerbang sekaten, para bakul dhaharan tradisional sami lenggah jejer kaliyan sadeanipun piyambak-piyambak. Kerak telor khas Betawi kathah wonten ing papan mriki. Wonten ugi, bakul sate koyor ingkang boten mandeg, anggenipun bakar sate, saengga aroma saking garangan sate saged kabur kenging angin. Mlebet papan ingkang radi njawi, wonten kathah sadean unjukan, bakso tusuk, kacang godhog, jagung godhog, es goreng lan sapanunggalanipun.
PMPS  Yogyakarta badhe dipunleksanakaken watara 40 dinten. Boten dipunpungut tiket mlebet.  PMPS punika salah satunggaling  tradishi saking Yogyakarta ingkang istimewa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar